May
Mak Jegagig
“Mak Jegagig”
Keluarga Paimin ancèné ya sukses tenan. Lha piyé lèh thik ora, wong usahané jan muajuné puol. Anak-anaké wis énjoh mlebu nèng sekolah favorit. Malahan sing mbarep Mariyun karo adhiné Maridjan saiki wis ketampa nèng SMAN 1. Rudjuné sing jenengé Wartini ya wis sekolah nèng SD Tambahredjo, ora patèk adoh ka omahé Kaliwangan. Wong ancèn pinter dagang, usahané Paimin saya suwé sangsaya maju aé. Ora mok dagang klonthong karo bukak toko emas thok, nanging saikiné malah njajal nggawèk perusahaan penggergajian, mèbel lan kerajinan kayu barang. Lha piyé lèh, wong ancèné mBlora iku kaèt mbengèn mula ya wis kondhang daérah penghasil kayu jati sing kualitasé nomer siji. Malahan nalika mbangun Taman Mini Indonesia Indah dhèk jaman semana, bahan saka guruné ya kayu jati sing umuré wis atusan taun asal saka alas Randublatung, Blora. Sing wédok, Suminem, saikiné wis ora nunggoni toko manèh. Toko klonthongé sing nèng Kaliwangan wis nduwé pegawé telu, kasir siji karo buroh loro. Pendhak sasi saiki Suminem kulakan batik nèng Solo karo Yogya terus didol nèng pasar mBlora. Najan larangé ora jamak, dagangan batiké Suminem nyatané paling laris sak pasar mBlora, wong barangé ancèn asli tur ya uapik-apik tenan. Sak renané motif ana kabèh, motif truntum, sidomukti, gringsing, parang klitik, parang garuda, kawung, pokoké jan komplit tenan persediaané, tur kabèh batik tulis tangan ora ana sing cap-capan.
Wong dhuwiké ancèn akèh, mèh angger sasi Suminem ya mesthi merlokké nglèncèr, lungo nèng Semarang ngiras blanja buah-buahan sing disenengi kaya jeruk keprok, apel, anggur lan sapinunggalané, Cekaké, uripé Paimin lan Suminem wis kétung mapan. Sandang pangan kecukupan, kadhang-kadhang ijèk kober piknik sekeluarga tekan Gunung Bromo, malahan tau mblasak-mblasak tekan mBali barang. Read the rest of this entry »

